Yesus bakale ngakimi ndunya
23
Ana muride Yesus sing jenenge Yohanes. Yohanes iku dilebok'en bui merga melu Yesus. Salah sijine dina Yohanes nerima wangsit teka Pengeran. Sak'njerone wangsit iku Yohanes ndeleng Yesus. Rambute Yesus putih memplak, raine entah sengenge. Terus sandangane tiru wong pengarepe sembayang. Pas ndeleng Yesus, Yohanes tiba entah wong sing mati merga saking wedine.Tapikne Yesus nyandak Yohanes ambek guneman, “Ajo wedi. Reang iki kawitan karo pungkasan. reang nguwasani pepati, karo nguwasani neraka. Reang tau mati, tapi wis tangi teka pati, terus orep ning swarga sak'lelawase.”
“Rungokna! Mbesok pas kiamat, reang bakal ngakimi kabeh menungsa, karo Iblis pisan. Pas iku, blai'a wong-wong sing klakoane gek reget, yaiku wong-wong sing goroh karo jahat. Wong-wong iku bakale orak diolehi mlebu nang swarga. Wong-wong iku bakale dilebok'en ning neraka bebarengan Iblis sak'lelawase.”
“Tapi, bungah temen wong-wong sing kelakuane wis dirijik'i ning njerone getihe reang. Wong-wong iku bakal diolehi mlebu nang swarga, terus mangan woh teka wit sing nggenehi orep langgeng nang menungsa.”

Reang tau mati, tapi reang orep sak'lelawase