Tutupe
24
Sira wis krungu cerita sing diarani “cerita paling apik ning ndunya.” Tapi cerita iki bener, duduk mek dongeng tok. Cerita iki beda karo cerita-cerita liyane. Cerita iki njelasen nek menungsa orak kira bisa nggawe dalan nang Gusti. Malahan, merga Gusti nresnani menungsa, Gusti dewe sing teka nang menungsa.
Ngliwati cerita iki, kene bisa weroh nek ana penyakit sing mlebu ndunya iki ngliwati orak manute Adam. Penyakit iku, sing diarani ‘dosa.’ Dosa iku medoten menungsa karo Gusti. Dosa iku nggawa pati nang sapa wae sing kenek'an. Dosa iku diwarisen turun-temurun. Terus dosa iku wes nulari kabeh wong sampek dina iki.
Teka cerita iki kene bisa weroh nek Gusti kate ngutus Sang Penyelamet kanggo nyelameten menungsa teka dosa karo pati sak'lawase. Persis Gusti nyawisen sandangan kanggo Adam karo Hawa, Prau gede kango Nuh, wedus kanggo Abraham, getihe wedus kanggo wong Ibrani, Gusti nyawisi kebebasan teka dosa ngliwati Sang Penyelamat.
Tapi sapa sing nyana nek Sang Penyelamat iku Gusti dewe sing dadi menungsa? Gusti urip bebarengan menungsa, ngrasak'en sarane menungsa. Gusti ngorbanen Awak'e cekne dosane menungsa bisa disepura. Yesus mbuktek'en nek Yesus iku bener-bener Gusti, ngliwati urip maneh teka pati.
Yesus orak pada karo wong liya. Cerita iki gek durung mari. Kekarepane Yesus, sira kabeh bisa nerusen cerita iki. Yesus nawak'en pitulungan dina iki ambek urip sak'lawase nek sira gelem melu.