Ciri-cirine wong sing digenehi kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran
22
Sak'marine dinane telung ewu uwong percaya nang Yesus, suwe-suwe ana salah sijine wong Ibrani sing percaya pisan nang Yesus. Jenenge Paulus. Paulus iku nulis surat nang wong cekne ngerti sapa sing mestine kenek kutuk'an teka Pengeran. Salah sijine pesen ning surat iki ngene:
Paulus nulis surat
Nek sira orak bisa sempurna nglakoni kabeh prentahe Pengeran, sira mestine kenek kutuk'an teka Pengeran ning ndunya iki karo ning akherat sak'lelawase. Tapi ajo kuwatir! Yesus wis nanggung kutuk'ane sira pas mati ning kayu salib. Nek sira percaya patine Yesus wis nanggung kutuk'ane sira, sira bakal dislameten teka kutuk'an iku. Terus, sira bakale digenehi kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran, cekne bisa mateni watek sing elek kaya
sombong,
iri,
seneng jina,
karo percaya nang jimat-jimat.
Maringono sira bisa
nyenengi sak'pepadane menungsa,
bisa sabar,
bisa seneng masia susah,
ya bisa nguwasani hawa napsune dewe.
Ya iku ngono ciri-cirine wong sing digenehi kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran nurut Kitab Suci.