Murid-muride Yesus nerima kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran
21
Kurang luwih 10 dina marine Yesus munggah nang swarga, ning kota Yerusalem ana riaya panen. Merga iku wong-wong teka akeh bangsa ana ning kota Yerusalem. Ning kono uga murid-muride Yesus nglumpuk ning salah sijine umah. Mara-mara krungu gemblegere suwara entah suwarane angin gede ning umah iku. Katok pisan entah murupe geni ning duwure murid-murid kabeh. Terus murid-muride Yesus digenehi kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran. Pas sak'mono, wong-wong iku gek pada sadar, tapi bisa guneman gawe basa-basa liya sing maune orak diweruhi. 
Entah murupe geni ning duwure murid-muride kabeh
Na, ngrungok'en gemblegere suwara iku, wong-wong teka akeh bangsa mau pada marek nang umah iku. Wong-wong sing teka pada guneman, “Kok wong-wong Galilea iki bisa guneman gawe basane kene sing asale teka akeh bangsa?”
Sing liyane guneman, “Wong-wong iku mek mabuk tok.”
Tapi salah sijine muride Yesus sing jenenge Petrus ngadek terus guneman gawe suwara sing banter, “Wong-wong iku orak mabuk! Wong-wong iku bisa guneman gawe basa-basa liya merga digenehi kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran.”

Wong iki digenehi kuwasane Rohe Pengeran
“Rungokna, Yesus sing sira pateni ning kayu salib iku, wis orep maneh teka pati. Iku mbuktek'en nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran.”
Na, mari ngrungok'en gunemane Petrus, wong-wong sing ana ning kono pada krasa nek wis salah terus pada guneman, “Paran sing kudu tak lakoni?”
Terus Petrus guneman, “Tobata sira teka dusa-dusane sira, terus percaya'a nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran. Terus sira kudu dibaptis, utawa awak'e sira dilebok'en ning njerone banyu. Nek nglakoni ngono Pengeran bakale nyepura dusa-dusane sira. Terus sira bakale digenehi kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran.” Na, dina iku uga ana kurang luwih 3,000 wong sing dibaptis merga percaya nang Yesus.

3,000 wong dibaptis