Yesus munggah nang swarga
20
Sak'marine campuh karo Yesus, wong wedok-wedok mau cerita nang murid-murid liyane nek Yesus wis orep maneh. Na bengine, bareng murid-murid kabeh wis pada nglumpuk mara-mara Yesus ngadek ning tetengahan ambek nyapa. Ndeleng Yesus, murid-murid iku pada kaget ambek keweden temenan, ndarak'en nek iku memedi. 
Muride Yesus ndarak'en nek iku memedi.
Terus Yesus guneman, “Lo! Ngapa sira kok wedi ambek bimbang nang reang? Reang duduk memedi. Delengen cek'e paku ning tangan karo sikile reang. Candak'en! Merga memedi orak duwe belung ya orak duwe daging entah reang iki.”
Tapi, merga saking senenge, murid-murid iku orak bisa percaya nek iku pancen Yesus. Cekne percaya nek iku pancen Yesus dewe, Yesus njaluk pangan terus digenehi iwak. Iwak iku muka, dipangan ning ngarepe murid kabeh.

Iwak iku dipangan
Terus, Yesus mbukak pikire murid-muride cekne weruh nang ramalane Kitab Suci nek raja pilihane Pengeran pancen kudu disiksa terus telung dinane orep maneh teka pati.
Maringono Yesus guneman maneh, “Sapa wae sing tobat, terus percaya nang reang, dusa-dusane bakal disepura. Na, kabeh sing sira deleng iki kudu dicriktak'en nang kabeh bangsa. Tapikne, cekne bisa nyeritak'en iku, sira kudu ngenteni kuwasane Sang Roh Suci teka Pengeran.”
Sak'wise iku, kurang luwih petang puluh dina marine, Yesus ngejak murid-muride nang sak'njabane kota. Teka enggon kono, Yesus mberkahi murid-muride. Sekala iku, mara-mara, Yesus munggah nang swarga. Ndeleng kedadean iku murid-murid pada nyembah nang Yesus. Maringono murid-murid iku pada mbalik nang kota ambek ati sing seneng.

Yesus munggah nang swarga.