Yesus orep maneh teka pepati
19
Sak'marine dina suci, ana muride Yesus, wong wedok telu, nang kuburane Yesus isuk-isuk jabut. Wong wedok telu mau nggawa ramuan katek lenga wangi perlune kanggo nglengani mayite Yesus kepe ajo mambu. Ning tengah dalan wong wedok telu iku pada guneman, “Sapa ye sing bisa nulung mbukak watu gede, tutupe kuburan iku?” 
Wong wedok telu
Durung suwe kedadean ana lindu gede, malaekat mudun teka swarga terus mbukak tutupe kuburan iku. Sing praene malaekat iku tiru kilat, sandangane putih memplak. Malaekat terus guneman nang wong wedok telu iku, “Ngapa sira nggolek'i wong orep ning enggone wong mati? Yesus wis orep maneh.”

Yesus wis orep maneh
Ndeleng kedadean iku wong wedok telu iku mau wedi campur seneng. Kesusu-susu mlayu sak'perlu ndongengen nang murid-murid liyane. Ning tengah dalan, wong wedok telu mau dicampuhi Yesus. Terus Yesus nyapa. Wong wedok telu iku mau pada ngrangkul sikile Yesus katek nyembah.

Wong wedok telu nyembah Yesus.