Yesus diukum pati
18
Sak'marine disiksa, Yesus diukum pati, sing rupa disalib. Disalib iku, sikil karo tangane wong dipaku ning kayu, terus dideken kepe mati lelonan. Barenge Yesus disalib, uga ana rampok loro sing disalib pisan. Pas iku kira-kira jam sanga isuk.
Uga ana rampok loro sing disalib pisan
Ning kono ya akeh wong nonton, ya ana wong liwat, ya ana pisan pemimpin-pemimpine agama. Terus pemimpin agama, karo wong sing liwat, pada ngenyek Yesus ngene, “He tukang nyelameten wong, ayo wis, selametna awak'e sira dewe!”
Akeh wong pada ngenyek
Terus, salah sijine rampok sing disalib ya melu-melu ngenyek. Tapikne rampok sijine orak melu-melu ngenyek. Rampok iku guneman nang kancane, “Nek reang katek sira iki pantes diukuman tiru ngene iki. Tapi Yesus iku orak duwe salah peparan. Rampok iku terus guneman nang Yesus, “Yesus, mbesok pas dina kiamat reang percaya rika sing dadi Raja kanggo ngakimi kabeh menungsa. Pas iku reang njaluk, ilinga nang reang.”
Terus Yesus guneman, “Dina iki uga sira bareng reang ning swarga.” Na, pas jam rolas, mara-mara ana peteng dedet sing suwene telung jam. Maringono Yesus ndedunga banter, “Duh Bapak sukmane reang tak pasrahen nang Rika.” Mari guneman ngono, Yesus mati. Yesus mati kira-kira jam telu sore.
Duh Bapak, sukmane reang tak pasrahen
Bareng patine Yesus ana kedadean lindu gede. Terus watu-watu pada mrekat. Maringono Yesus dikubur ning kuburan sing dicawisen wong sugih. Kuburan iku rupa watu sing ditatah entah gua, terus ditutup karo watu gede.