Yesus nerima putusan diukum pati
17
Sak'wijine dina Yesus guneman nang murid-muride ngene, “Reang bakal dipasrahen nang pemimpin-pemimpine wong Ibrani, terus digawa nang pemerintah sing njajah bangsa Ibrani. Wong-wong iku bakale ngenyek reang, nyiksa reang, ya mateni reang. Tapi pas telung dinane, reang bakal tangi teka pati, terus orep ning swarga sak'lelawase.”Nah, sak'minggu marine dina iku, paran sing diomongen Yesus pancen kedadean temenan. Yesus dicekel karo pemimpin-pemimpine wong Ibrani, teruse sesok isuk'e, digawa nang Gubernur sing jenenge Pilatus. La, Pilatus iku asale teka bangsa Roma sing pas iku njajah bangsa Ibrani. Ning kono pemimpin-pemimpine wong Ibrani nuduh Yesus ngene, “Wong iki ngejak wong Ibrani nglawan pemerintah Roma, ya uga menggak wong Ibrani cekne orak mbayar pajek nang pemerintah Roma.” Masia tuduhan iku orak bener, tapikne Yesus mek meneng wae.

Yesus mek meneng wae.
Nah, ndeleng Yesus mek meneng wae, Pilatus dadi gawok temenan. Terus ngerti nek pemimpine wong Ibrani nglakoni ngono merga iri nang Yesus. Pas iku ana akeh wong sing diojok-ojok'i pemimpin Ibrani cekne njaluk Yesus dipati. Teruse Pilatus takon nang wong-wong iku ngene, “Karepe sira, wong iki tak'kapak'en?”
Wong-wong sing diojok-ojok'i mau pada bebengok, “Patenana wae!”
Tapi Pilatus takon maneh, “Paran salahe wong iki?”
Wong-wong iku tambah banter bebengok, “Patenana wae! Patenana wae!”
Pas iku, Pilatus ndeleng wong akeh iku wis molai ngamuk. Dadi Pilatus nuruti karepe wong-wong iku. Teruse Yesus dipasrahen nang prajurit-prajurit Roma. Maringono prajurit-prajurit iku ngambleki Yesus gawe pecut sampek meh mati. Tempo mari nglakoni ngono, prajurit-prajurit iku nggawa Yesus cek'ne diukum pati.

Yesus digawa cekne diukum pati.