Wong dusa sing kepingin weruh Yesus
16
Sak'wijine dina Yesus ngliwati kota Yeriko. Ning kono akeh wong sing pada kepingin weruh Yesus. La, ning wong kono ana wong sing jenenge Sakeus, sing penggaweane dadi tetuwek'e narik pajek. Sakeus sugih merga carane nyambut gawe ngakali wong. Sakeus kepingin weruh Yesus tapikne kerepotan merga awak'e Sakeus iku endek, ning kono akeh wong. 
Awak'e Sakeus iku endek.
Mangkane saking kepingin weruhi Yesus, Sakeus mlayu ndiki'i. Terus menek kayu sing bakal diliwati Yesus.
Pas teka isore wit iku, Yesus ndeleng nduwur terus guneman, “Sakeus muduna reang kate mampir ning umahe sira.”

Sakeus, muduna!
Saking senenge Sakeus ndang-ndang mudun. Tapikne wong-wong ning kono pada grundel, “Ngapa'a Yesus kok dadi mampir ning umahe wong dusa?”
Tapi Yesus mampir wae ning umahe Sakeus. Teka njero umahe Sakeus, Sakeus guneman, “Dunya branane reang iki sing separoh kate tak'dumen wong sing orak duwe. Katek wong sing tau tak’akali biyen kate tak'balek'en ping papate.”
Terus Yesus guneman, “Dina iki uga sira katek keluargane sira dislameten. Merga Raja Pilihane Pengeran nggolek'i wong katek nyelameten wong sing salah dalane.”

Raja Pilihane Pengeran nggolek katek nyelameten wong