Yesus nguripen wong mati
15
Ning sak'wijine desa ana wong sing jenenge Lasarus. Lasarus iki orep katek dulure wedok loro sing jenenge Maria katek Marta. Keluarga iki raket katek Yesus. Na, sak'wijine dina Lasarus iki lara nemen. Masia Yesus krungu, Yesus sengaja kosi rong dina gek ndengok nang Lasarus. Tapi Yesus wis weruh nek Lasarus wis mati.
Maringono Yesus katek murid-muride budal nang enggone Lasarus sing lakune kurang luwih sak'dina. Barenge Yesus meh mlebu nang desa, Marta krungu, terus mapak Yesus ning njabane desa. Bareng campuh Marta guneman, “Guru kokna rika ning kene orak sampek kedadean Lasarus mati.”
Terus Yesus guneman, “Lasarus bakal orep maneh.”
Lasarus bakal orep maneh
Maringono Marta guneman maneh, “Esun weruh nek kabeh wong mati bakale diuripen maneh pas dina kiamat, kanggo diakimi.”
Tapikne Yesus guneman, “Reang iki sing gawe orep. Sapa wae sing percaya nang reang, masia mati, bakale tangi teka pati, terus orep sak'lelawase ning swarga. Percaya tah sira?”
Maringono Marta njawab, “Ya, Esun percaya rika iku Raja pilihane Pengeran.”
Maringono Yesus, Marta, Maria, katek wong akeh ndengok nang kuburane Lasarus. (Nah kuburan biyen iku rupa gua sing ditutup karo watu gede.) Terus Bareng njebul ning kuburane Lasarus, Yesus ngongkon wong mbukak tutupe kuburan.
Bukak tutupe kuburan!
Tapi Marta guneman, “Ajo, wis oleh petang dina, wis mambu.”
Yesus guneman, “Nek sira percaya, dina iki uga sira bakale ndeleng kuwasane Pengeran.” Terus marine watu tutupe kuburan iku diinggiren. Yesus ndedunga. Mari ndedunga, Yesus guneman banter, “Lasarus, tangia! Metu'a teka kuburan iku!”
Durung sepira suwe, Lasarus sing gek kebuntol lawon metu teka njerone kuburan. Ndeleng kedadean iku, wong-wong sing ana ning kono pada percaya nang Yesus.
Lasarus, tangia!
Tapikne ana wong-wong sing wadul nang pemimpin-pemimpine agama Ibrani, ndongengen kedadean sing wis mari diweruhi. Merga kuwatir akeh wong sing percaya katek Yesus, wong-wong iku pada ngrekadaya njare bisane mateni Yesus.