Swarga karo Neraka
14
Sak'wijine dina Yesus cerita nang pemimpin agama Ibrani sing kedunyan. Ceritane ngene: “Tau ana wong sugih sing keklamben apik temenan, terus pangane wong iku saben dinane entah wong sing slametan.
Pangane entah wong slametan
Na ana maneh wong mlarat sing nggletak ning ngarep pager umahe wong sugih iku mau. Wong mlarat iku ngenteni kekarene pangan sing dibuang wong sugih iku mau. Terus wong iku awak'e wis borok'en kabeh. Apa maneh keganggu kerek-kerek sing ndilati borok'e.
Awak'e dewe borok'en kabeh.
Sak'wijine dina wong mlarat iki mati. Terus sukmane munggah nang swarga, oleh panggonan sing lenah ning pinggire bapak Abraham, yaiku mbah buyute wong Ibrani.
Lungguh ning pinggire Abraham
Maringono wong sugih iku mau ya mati pisan, terus sukmane mudun nang neraka. Ning kono klaran temenan ning njerone geni sak'lelawase.
Maringono teka kadohan, wong iku ndeleng wong mlarat mau ana ning pinggire Bapak Abraham. Terus wong iku guneman, ‘Bapak Abraham, mesakna reang iki! Kepe wae wong mlarat iku gawa banyu, titik wae, mrene, merga reang kepanasan ning kene.’
Klaran temenan ning njerone geni.
Terus semaure bapak Abraham, ‘Le, ning antarane Neraka karo swarga ana curah sing jero temenan. Dadi sapa wae ning swarga orak bisa mrana. Sapa wae ning neraka orak bisa mrene sak'lelawase.’
Maringono wong sugih iku mau guneman maneh, ‘Nek ngono, kepe wae wong mlarat iku tangi teka pati terus nuturi dulure reang sing gek ana lima iku, cekne tobat temenan. Nek ngono dulure reang mbesok orak mlebu nang neraka kene.’
Terus semaure Bapak Abraham, ‘Kepe wae dulure sira manut nang wuruk'ane Nabi Musa karo nabi-nabi liyane ning kitab suci. Nek dulure sira orak nggatek'en wuruk'ane nabi-nabi biyen, ya mestine orak nggatek'en wong sing tangi teka pati.’ ”
Ya mestine orak nggatek'en wong sing orep maneh.