Sarate melu Yesus
13
Sak'wijine dina, Yesus ndedunga dewe. Sak'marine ndedunga, Yesus takon nang murid-muride ngene, “Nek nurut sira reang iki sapa?”Salah sijine murid njawab ngene, “Rika iku Raja Pilihane Pengeran.”
Teruse Yesus guneman, “Reang iki pancen Raja Pilihane Pengeran. Reang bakale orak ditampa karo pemimpin-pemimpine wong Ibrani, ya disiksa, ya dipateni. Tapi pas telung dinane reang bakale tangi teka pati terus orep ning swarga sak'lelawase.”

Reang bakale tangi.
“Nek sira kepingin melu reang, sira kudu mburek'en butuhe dewe terus saben dinane kudu melu reang, masia bisa dipateni. Nek sira nyerahen uripe nang reang, sukmane sira bakale slamet sak'lelawase. Tapi nek sira nggecek'i uripe kanggo butuhe dewe, sukmane sira bakale orak slamet sak'lelawase.”
“Mbesok, pas kiamat, reang bakal ngakimi ndunya iki. Nek sak'iki sira ngakoni dadi muride reang ning ngarepe wong, mbesok, pas kiamat, reang bakal ngakoni sira dadi muride reang. Tapi, nek sak'iki sira isin nang wong dadi muride reang, mbesok, pas kiamat, reang ya isin ngakoni sira dadi muride reang.”