Ewonan setan manut nang Yesus
12
Sak'marine nyabrang ranu, Yesus katek murid-muride njebul ning daratan. Bareng njebul ning daratan, Yesus campuh karo wong sing klebon setan. Wong iki wis suwe orak keklamben. Manggone orak ning umah, tapi manggone ning kuburan. Masia mari ditaleni, masia mari dirante, tapi ya ucul wae. 
Masia dirante, ucul wae.
Bareng campuh, Yesus ngongkon setan iku metu.
Terus setan sing ana ning njerone guneman, “Yesus anak'e Pengeran sing Maha Agung, ajo nyiksa reang.”

Ajo siksa reang!
Maringono Yesus takon, “Sapa jenenge sira?”
Setan-setan iku njawab, “Reang ewonan setan.” (Wong iku guneman ngono merga dileboni ewonan setan.)
Na ketepak'an ning kono ana babi-babi sing diingon. Teruse setan-setan iku njaluk temenan nang Yesus ngene, “Reang ajo dilebok'en neraka. Reang njaluk mlebu ning babi-babi ika.”
Maringono Yesus ngiyani. Terus setan-setan mau metu teka wong iku, mlebu nang babi-babi ika. Mara-mara babi-babi iku mau mlayu mudun nang curah, nyemplung nang ranu, terus mati klelep.

Babi-babi mati klelep.
Ndeleng kedadean iku wong-wong sing angon babi pada mlayu nang kota, ndongengen kedadean iku nang warga kono.
Maringono warga kono pada teka, ndeleng wong sing diwarasen mau, wis keklamben, terus lungguh ning pinggire Yesus. Warga kono pada keweden, terus njaluk Yesus ninggalen enggon kono.
Pas Yesus kate budal, wong sing diwarasen iku mau njaluk kepingin melu. Tapikne Yesus guneman, “Sira ajo melu. Angur sira critakna kedadean iki nang sak'kabehe warga sekitare kene.” Terus wong iku nglakoni paran sing dikongkonen Yesus.