Riwayate laire Yesus
9
Kurang luwih pitungatus taun marine Nabi Yesaya, ana lare prawan Ibrani sing jenenge Maria. Maria iki wis dikramani Yusuf dadi bojone. Sak'wijine dina Maria ditekani malaekat. (Malaekat iku makluk teka swarga sing entah menungsa, tapi praene tiru kilat, sandangane putih memplak.)Malaekat iku guneman ngene, “Maria, Sira bakal mbobot lare lanang, mbesok nek lair jenengana ‘Yesus,’ sing tegese, ‘Pengeran nyelameten menungsa.’ Lare iku bakal diarani Anak'e Pengeran dewe, terus bakale dadi Raja pilihane Pengeran sing mrentah ning kerajaane Raja Daud sak'lelawase.”
Terus Maria guneman, “Njare bisa kedadean? Wong esun iki gek prawan, durung tau sanding wong lanang.”

Njare bisa kedadean?
Terus malaekat njawab, “Nanak sing orak kira kanggo kuwasane Pengeran.”
Maringono gunemane malaekat iku kedadean temenan. Masia Maria mbobot, Yusuf tetep rabi Maria. Tapi orak gepok senggol kaprahe wong bebojonan nganti bayi iku lair.
Na, pas iku, rajane wilayah kono nganak'en cacah jiwa, sing kabeh warga kudu mbalik nang enggone pelairane dewe-dewe, kanggo dicatet. Na Yusuf iki gek klebu turunane Raja Daud biyen. Merga iku Yusuf kudu budal nang kotane Raja Daud, yaiku kota Betlehem, sing lakune kurang luwih limang dina limang bengi.
Teka ning Betlehem kono penginepan wis nanak, wis bek kabeh. Oleh panggonan ning gedokan. Na ning gedokan kono Maria nglairen jabang bayi lanang. Terus jabang bayi iku diramut, terus diturok'en ning palungan. Bareng oleh wolung dina, lare iku dijenengi Yesus.

Ditirok'en ning palungan