Gandum katek Alang-alang
10
Bareng umure Yesus kurang luwih 30 taun, Yesus molai mulang nang desa siji nang desa liyane. Salah sijine dina Yesus mulang nang wong akeh ngene, “Ana wong tani manja gandum. Na, bengine musuhe manja alang-alang.Bareng wis duwur, koli-koline takon, ‘Lo, biyen rika manja gandum sing apik! Sak'iki kok campur alang-alang?’
Wong tani njawab, ‘Ya iku kelakuane musuhe reang.’
Terus koli-koline takon maneh, ‘Tak bubutane ya, alang-alange?’

Tak bubutane ya, alang-alange?
Tapikne wong tani guneman, ‘Ajo! Nek sira bubuti alang-alang, gandume katut mati. Engko nek wis wayahe panen, reang ngongkon wong sing manen nglumpuk'en sak'kehe alang-alang, terus diobong. Sak'kehe gandum ya diklumpuk'en terus dilebok'en ning njerone gudang.’
Maringono Yesus katek murid-muride moleh. Ning kono murid-muride takon, “Paran tegese paribasane rika iku mau?”
Yesus negesen, “Gaga iku nggambaren ndunya iki. Wong tani iku, reang, Raja sing dipilih Pengeran kanggo mrentah ndunya iki. La, sing musuh iku Iblis. Gandum iku wong-wong sing melu reang. Alang-alang iku wong-wong sing melu Iblis. Na, wayahe panen iku nggambaren kiamat. Terus wong sing manen iku malaekat.”
“Mbesok pas kiamat, (yaiku dinane ndunya iki wis nanak maneh), reang bakale ngongkon malaekat-malaekate reang nglumpuk'en wong-wong sing melu Iblis, terus dilebok'en ning neraka, ning enggone geni gede. Ning kono enggone tangis karo nggreget untu merga saking larane sak'lawas-lawase. Ya wong-wong sing melu reang bakale diklumpuk'en terus dilebok'en ning swarga. Ning kono bakale seneng sak'lawas-lawase.”

Seneng sak'lelawase