Ramalane Nabi Yesaya
8
Sak'marine Raja Daud, wong Ibrani gelek orak manut nang prentahe Pengeran. Mangkane Pengeran mbolak-mbalik ngutus nabi-nabine kanggo ngilingen wong Ibrani. Salah sijine nabi iku jenenge Yesaya.Nabi Yesaya akeh nggewei ramalan ngenek'i paran sing bakal kedadean. Salah sijine ngene: “Kabeh menungsa keblaso tiru wedus sing mlaku karepe dewe. Masia kabeh menungsa kudu diukum, tapikne Pengeran bakal ngutus abdine kanggo nanggung ukumane menungsa.

Kene tiru wedus sing mlaku karepe dewe
Masia abdi iku orak duwe salah peparan, abdi iku bakale dicekel, terus diambleki nemen. Tapikne mek meneng wae, tiru korban wedus sing meneng pas dibeleh. Abdi iku bakale dipateni bareng wong ukuman liyane. Maringono bakal dikubur ning kuburane wong sugih.

Dikubur ning kuburane wong sugih
La, masia abdine iku mati, abdi iku bakal tangi teka pepati, terus orep ning swarga sak'lelawase. Na, merga patine abdi iku nanggung ukumane menungsa, akeh wong pada percaya terus diselameten teka dusa-dusane.”