Janjine Pengeran nang Raja Daud
7
Pas Pengeran nggewei prentah-prentah nang wong Ibrani, wong-wong iku kudu manut nang aturane Pengeran. Tapi suwe-suwe wong-wong iku orak seneng nang aturane Pengeran. Wong-wong iku kepingin diatur nang salah sijine raja wae. Masia orak seneng, Pengeran nuruti karepe wong-wong iku. Terus Pengeran milih salah sijine wong cekne dadi rajane wong Ibrani. Wong iku jenenge Saul. 
Saul
Nah Raja Saul iki gelek orak manut nang prentahe Pengeran. Mangkane Pengeran milih wong liya cekne ngganteni Saul dadi raja. Wong iku jenenge Daud.
Nah, Raja Daud iki nyenengen atine Pengeran. Daud gelek gawe kidung-kidung kanggo muji nang Pengeran. Karo maneh Daud luwih percaya nang kuwasane Pengeran timbangane kuwasane menungsa.

Daud
Terus Pengeran njanji nang Raja Daud ngene: “Daud, mbesok salah sijine turunane sira bakal dadi raja pilihane reang. Wong iku bakale tak dadek'en anak'e reang terus reang sing dadi bapakne. Apa maneh, wong iku bakal mrentah ning kerajaane sak'lelawase.” Mari ngrungok'en janji iku, Raja Daud mlebu nang enggon sembayang terus memuji nang Pengeran.