Nabi Musa mimpin wong Ibrani metu teka Mesir
6
Sak'marine Abraham, keturunane temangkar dadi akeh terus diarani wong Ibrani. Suwene-suwe tibak'e wong Ibrani iki manggon ning negri Mesir. Ning kono wong Ibrani temangkar dadi akeh. Na, merga temangkar iki, rajane Mesir kuwatir mbeleh mbesok-mbesok'e nek ana perang, wong Ibrani bakal ngrewangi musuh-musuhe wong Mesir. Mangkane wong Ibrani dipulasara ning Mesir. Terus wong Ibrani ndedunga njaluk tulung nang Pengeran cek'ne dibebasen teka pulasara iku.Na, suwene-suwe, kurang luwih 400 taun, akhire Pengeran ngutus salah sijine wong Ibrani kanggo mbebasen wong Ibrani. Wong iku jenenge Musa.
Musa bolak-balik guneman nang rajane Mesir ngene, “Jarene Pengeran, ‘Bebasna wong Ibrani.’” Tapi rajane Mesir orak gelem ngolehi wong Ibrani metu teka Mesir. Mangkane Pengeran nekak'en sangang pagebluk nang bangsa Mesir.
Kawitane Pengeran gawe banyune wong Mesir malih dadi getih.

Banyu dadi getih
Ping pindone Pengeran nekak'en kodok sing akeh temenan sampek ngebek'i sak'anane enggon ning Mesir.

Kodok sing akeh
Ping telune Pengeran gawe bledug dadi lemut sing akeh.
Ping papate Pengeran ya nekak'en akeh laler sing mlebu nang sak'kabehe umah.
Ping limane Pengeran ya nekak'en pagebluk sing mateni sak'kabehe raja-kayane wong Mesir. Ya weduse, sapine, untane, jarane pada mati kabeh.

Raja-kayane wong Mesir mati
Ping eneme Pengeran ya gawe lara borok'en nang sak'kabehe wong karo kewane Mesir.
Ping pitune Pengeran ya ngeduk'en udan es sing entah watu.

Udan es mateni wong ning gaga.
Ping wolune Pengeran ya nekak'en walang. Terus walang akeh iku ngentek'en kabeh tandur tuwuh sing ana ning Mesir. Tapikne rajane Mesir tetep orak ngejaren wong Ibrani budal teka Mesir.
Terus ping sangane Pengeran ya gawe peteng dedet nang sak'kabehe wilayahe Mesir. Tapikne ana padang ning enggone wong Ibrani.

Peteng dedet
Sak'marine sangan pagebluk iku, atine raja tetep angkuh. Orak ngejaren wong Ibrani budal teka Mesir. Mangkane Pengeran kate nekak'en siji pagebluk maneh sing luwih nemen. Yaiku pagebluk pati nang kabeh anak lanange wong Mesir sing tembarep karo kabeh anak lanange kewane wong Mesir sing tembarep pisan.
Na, sak'durunge pagebluk iku teka, Pengeran ngongkon saben keluargane wong Ibrani mbeleh wedus berok. Sak'umah mbeleh siji-siji. Wedus berok iku umure kudu sak'taun terus nanak cacate. Getihe wedus iku kudu diteleten ning bengkurahe lawang. Saben keluarga sing nglakoni ngono bakale slamet teka pagebluk pati iku.

Getih diteleten ning bengkurahe lawang.
Terus bengi iku malaekate Pengeran nggawa pagebluk pati nang kabeh umah ning Mesir. Kabeh umah sing nanak getihe wedus, anak lanange sing tembarep karo anak lanange kewan sing tembarep pada mati. Ning Mesir pada udan tangis. Tapikne wong Ibrani slamet teka pagebluk iku, merga wis neleten getihe wedus ning bengkurahe lawange.
Na merga kedadean iku, akhire rajane Mesir ngolehi Musa ngejak bangsane metu teka Mesir.
Wong Ibrani ngliwati Segara Abang
Sak'marine wong Ibrani metu teka Mesir, atine rajane Mesir dadi malih. Nemen getune nek tenaga kerjane metu teka Mesir. Mangkane rajane Mesir ngongkon prajurit-prajurite nggudak wong Ibrani. Ning kono wong Ibrani kepepet. Endi sing mburine digudak prajurit-prajurit Mesir, endi sing ngarepe segara sing diarani Segara Abang.
Tapikne Musa guneman nang wong Ibrani, “Ajo wedi merga Pengeran dewe sing bakale nyelameten.”
Teruse Pengeran guneman nang Musa, “Njuluren tekene sira nang segara iku, cek'ne banyune bisa mecah ngiwa nengen.”
Terus Musa manut nang kongkonane Pengeran. Maringono Pengeran nekak'en angin gede sing suwene sak'wengi muput, sampek segara, sing sak'mono ambane, banyune pecah ngiwa nengen. Mangkane wong Ibrani bisa mlaku ning dalan sing wis garing ning tengahe segara.

Wong Ibrani mlaku ning dalan sing garing.
Na, sak'marine njebul ning daratan sabrange, prajurit-prajurite Mesir nggudak sampek ning tengahe segara.
Teruse Pengeran guneman nang Musa, “Julurna maneh tangane sira nang segara iku, cek'ne banyune bisa mbalik maneh.”
Musa ya manut nang kongkonane Pengeran. Maringono segara sing wis pecah iku, banyune bisa mbalik maneh tiru maune. Mangkane prajurit-prajurite Mesir pada klelep, terus mati kabeh.

Prajurit Mesir mati klelep.
Tapikne wong Ibrani diselameten nang Pengeran.
Nabi Musa nerima 10 Prentah teka Pengeran
Sak'marine wong Ibrani slamet nyebrang Segara Abang, Pengeran nuntun wong Ibrani nang salah sijine pusung sing jenenge Sinai. Ning kono Pengeran nyeluk Musa munggah nang pucuk'e. Maringono Pengeran nggewei nang Nabi Musa watu lebek loro kabehe. Ning watu iku ana prentah-prentahe Pengeran ngene:
“Reang iki Sing Gawe Urip, yaiku Gustine sira. Reang dewe mbebasen sira teka Mesir sing mbudak'en sira. Ajo nyembah sak'liyane Reang dewe.
Ajo nyembah paran wae sing ana ning ndunya iki.
Ajo nggawe jenenge Reang sembrana.
Ilinga nang dina ping pitune. Lerenana pas dina iku merga Sing Gawe Urip nggawe ndunya suwene enem dina, terus leren pas dina ping pitune.
Ajenana wong tuwek'e sira sing ana ning dunya iki,
cekne umure sira didawak'en.
Ajo mateni wong.
Ajo jina.
Ajo nyolong.
Ajo nggorohi utawa mitnah.
Ajo kepingin paran wae sing dadi duwek'e kancane.”
Terus Nabi Musa nggawa prentah-prentah iku nang wong Ibrani.

Watu lebek loro