Janjine Pengeran nang Abraham
5
Sak'marine Nuh dislameten teka banjir gede, menungsa ning dunya iki temangkar dadi akeh. Ana salah sijine anak putune Nuh, sing jenenge Abraham. Pas umure Abraham wis 75 taun, Abraham nerima wangsit teka Pengeran sing unine ngene: “Abraham, mbesok turunane sira bakale dadi bangsa sing gede. Terus ngliwati sira reang bakale mberkahi kabeh bangsa ning ndunya iki.”Suwene-suwe, bareng umure Abraham wis 99 taun, bojone Abraham gek durung duwe anak. Pas sak'mono Abraham oleh wangsit maneh teka Pengeran sing unine ngene: “Abraham, bojone sira bakale nglairen lare lanang, terus turunane sira bakale dadi bangsa sing gede.”
Ngrungok'en iku Abraham dadi ngguyu terus guneman, “Njare bisa kedadean? Wong reang iki wis tuwek, apa maneh bojone reang ya wis 90 taun.”

Njare bisa kedadean?
Tapikne Pengeran guneman, “Bojone sira pancen bakale mbobot lare lanang. Mbesok nek lair, lare iku jenengana ‘Isak’.” (Na, nurut basane wong kono Isak iku tegese ‘guyu.’)
Bareng oleh sak'taun, bojone Abraham nglairen lare lanang. Terus lare iku dijenengi ‘Isak.’ Suwene-suwe keturunane Isak temangkar dadi bangsa sing gede. Terus diarani wong Ibrani.

Bojone Abraham nglairen lare lanang