Banjir Gede
4
Sak'marine Adam katek Hawa ditundung teka taman, menungsa ning dunya iki temangkar dadi akeh. Tapi molai cilik, atine menungsa kabeh wis pada jahat. Pengeran ndeleng menungsa jahat nang sak'pepadane, ya apa maneh lali nang Pengeran. Mangkane Pengeran kate nekak'en banjir gede kanggo ngukum ndunya iki.Masia ngono ana salah sijine wong sing uripe nyenengen Pengeran, jenenge Nuh. Nuh iku uripe jujur nang pepada menungsane katek raket nang Pengeran. Terus Nuh dikongkon gawe prau sing gede cekne bisa nyelameten Nuh sak'keluargane ya katek sak'anane kewan sing kenek dipangan, pitung jodo-pitung jodo, sing orak kenek dipangan sak'jodo-sak'jodo.
Maringono Nuh manut nang kongkonane Pengeran. Teruse Nuh sak'keluargane ya katek kewan-kewan iku mau mlebu nang prau iku. Terus Pengeran dewe sing nutup lawange prahu iku. Maringono Pengeran nekak'en udan, sing suwene 40 dina, 40 bengi sampek kabeh menungsa karo sak'anane kewan pada mati kelelep. Tapikne Nuh, sak'keluargane, ya katek kewan-kewan iku mau pada slamet ning njerone prau

Tapikne Nuh slamet ning njerone prau
Teruse banyu iku ngebek'i ndunya iki kurang luwih limang wulan. Maringono Pengeran nekak'en angin cekne banyu iku bisa asat. Bareng banyune molai asat, praune Nuh kesasang ning gegunungan Ararat. Masia ngono Nuh ya orak ndang metu teka prau iku merga gek ngenteni banyune asat temenan.
Nyatane bareng oleh enem wulan baru lemahe garing temenan terus ana tandur tuwuh sing wis orep. Maringono Nuh sak'keluargane ya katek kewan-kewan iku mau metu teka njerone prau. Na saking nedan nerimane, Nuh njupuk pepirang kewan sing kenek dipangan, terus diobong dadi korbane nang Pengeran.

Nuh njupuk pepirang kewan