Asal mula susa payahe menungsa
3
Sak'marine Adam katek Hawa singetan ning isore wit-witan, Pengeran takon, “Ngapa kok sira mangan woh sing tak'penggak iku? Tapi Adam nyalahen bojone, bojone ya nyalahen ula.
Adam nyalahen bojone, bojone ya nyalahen ula.
Terus Pengeran Guneman, “Merga sira wis nglakoni dusa, yaiku nglanggar prentahe reang, sira kate Tak ukum.” Nang ula Pengeran guneman, molai sak'iki sira nek mlaku nggawe weteng.”
Nang wong wedok Pengeran guneman, “Pas nglairen jabang bayi, larane sira bakale tak tambahi. Masia sira kepingin nguwasani bojone, bojone sing bakale nguwasani sira.”
Larane sira bakale Tak tambahi
Nang wong lanang Pengeran guneman, “Merga sira luwih manut nang bojone, terus mangan woh sing tak'penggak iku, lemah bakale Tak kutuk. Molai sak'iki lemah bakale nyukulen suket eri. Terus sira kudu susah payah, nyusang jempalik golek sandang pangan. Terus, sira sing asale teka lemah bakale mbalik maneh nang lemah merga sira wis mangan woh sing bisa genei ilmu iku.
Sira bakal mbalik nang lemah
La, ning pinggire wit sing wohe bisa genei ilmu iku, ana wit liyane sing bisa genei orep langgeng nang menungsa. Terus, Pengeran guneman, “Ajo sampek menungsa sing wis weruh ilmu apik katek ilmu sing elek orep sak'lelawase.” Maringono Pengeran nundung Adam katek Hawa teka njerone taman, cekne orak bisa mangan woh teka wit sing genei orep langgeng nang menungsa. Tapi, sak'durunge ditundung, Pengeran nggewei sandangan teka kulite kewan, ngganteni gegodongan sing digawe wong loro iku mau.