Menungsa nglanggar prentahe Pengeran
2
Sak'wijine dina, Hawa, bojone Adam, campuh karo ula ning taman. Na, Ula kepingin nggorohi Hawa, terus takon, “Bener tah Pengeran orak ngolehi sira mangan woh-wohan kabeh ning taman iki?”Hawa nyauri, “Orak ngono. Guneme Pengeran ngene, ‘Woh-wohan kabeh ning taman iki kenek sira pangan Tapikne, wohe wit sing genei ilmu, ajo sira pangan, ya ajo sira utik. Nek sira nglanggar prentahe reang, sira bakale mati.’ ”

Hawa nyauri, “Orak ngono.”
Tapikne sing ula guneman, “Sira orak kira mati. Nek sira mangan woh iku, sira bakal tiru Pengeran, terus sira bisa weruh sing apik katek sing elek.”
Maringono Hawa ndeleng woh iku kok ketok'e wuenak dipangan. Apa maneh woh iku bisa nggenehi ilmu. Sidane kemlecer, dipetik, dipangan. Maringono diwe'en nang Adam.

Diwe'en nang Adam
Na, orak kosi suwe wong loro krungu nek Pengeran teka ning taman. Terus wong loro pada singetan ning isore wit-witan, merga wedi nang Pengeran.

Wong loro pada singetan