Cerita Kabar Apik Tengger
Cikal Bakale Menungsa
1
Kawitane Gusti Pengeran sing nggawe ndunya sak'isine. Maringono Pengeran nggawe menungsa sing asale teka lemah. Lemah iku digenehi ambek'an terus dadi menungsa lanang sing orep. Menungsa iku dijenengi Adam. Adam dikongkon manggon ning taman sing lenah temenan. Tandur tuwuh paran wae ana. Woh-wohan ning taman iku sing dadi pangane Adam.Ning tengahe taman ana wit-witan, loro kabehe. Wit sing siji, wohe bisa nggenehi orep langgeng nang menungsa, sing sijine maneh bisa nggenehi ilmu. Maringono Pengeran guneman nang Adam, “Sak'kabehe woh-wohan ning taman iki kenek sira pangan. Tapikne woh sing bisa nggenehi ilmu ajo sira pangan. Nek sira nglanggar prentahe Reang, terus mangan woh iku, sira bakale mati.

Ana wit loro
Terus Pengeran mikir, “Orak apik nek menungsa orep dewek'an.” Terus Pengeran nekak'en sak'anane kewan nang Adam. Tapi nyatane nanak sing cocok dadi rewange Adam. Terus Pengeran nggawe Adam keturon, entah wong kesirep. Na, belung gambange Adam dijupuk, terus kulit karo daginge dibalek'en maneh. Teka belung gambang iku, Pengeran nggawe wong wedok.

Pengeran gawe wong wedok
Pas Adam ndeleng wong wedok iku, Adam seneng temenan terus guneman, “La iki cocok dadi rewange reang, merga dijupuk teka belung daginge reang dewe.” Adam karo wong wedok iku pada muda blejet tapi orak rumangsa isin. Na, nurut Pengeran, kabeh sing wis digawe iku mau pancen apik temenan.

Kabeh iku apik temenan