Kabar Apik nurut
Markus
Penggaweane Yohanes sing mbaptis wong
1
1-2 Iki kawitane Kabar Apik ngenek'i Yesus Kristus, Anak'e Pengeran. Kabar iki persis sing ditulis Nabi Yesaya biyen: Yesaya nulis gunemane Pengeran nang Anak'e ngene,“Rungokna! Reang kate ngutus wong ndiki'i tekane Sira.
Wong iku sing bakale nyepak'en dalan kanggo Sira.
3 Wong iku bakale bebengok ning ara-ara amba ngene,
‘Cepakna dalan kanggo tekane Gusti Pengeran.
Ratakna dalan sing bakale diliwati.’ ” (Yesaya 40:3)
4 Persis sing wis tetulis, Yohanes budal nang ara-ara amba. Yohanes, sing tukang mbaptis wong iku, bebengok ning ara-ara amba ngene, “Tobata terus pasrahna awak'e dibaptis cekne Pengeran nyepura dusane sira.” 5 Akeh wong teka sak'kabehe daerah Yudea karo kota Yerusalem pada marek nang Yohanes. Wong-wong iku ngakoni dusa-dusane terus pada dibaptis Yohanes ning kali Yordan.
6 Klambine Yohanes digawe teka wulune unta terus sabuk'e teka kulite kewan. Sing dipangan welalang karo madu teka alas. 7 Yohanes mulang ngene, “Orak kosi suwe, bakale teka Wong sing luwih kuwasane timbangane reang. Wong, nyoplok sandale wae, reang orak pantes. 8 Reang mek mbaptis sira gawe banyu, tapikne Wong iku bakale mbaptis sira gawe Roh Suci teka Pengeran.”
Yesus dibaptis terus diguda Iblis
9 Orak kosi suwe marine iku Yesus budal teka kampung Nasaret ning daerah Galilea, Yesus dibaptis nang Yohanes ning kali Yordan. 10 Pas metu teka banyu, Yesus ndeleng langit kebukak, terus ndeleng Rohe Pengeran mudun nang duwure Awak'e ngrupak'en manuk dara. 11 Terus ana suwara teka swarga sing unine ngene, “Sira iku Anak'e Reang sing Tak tresnani. Sira nyenengen atine Reang.”
12 Mari iku, Roh Suci teka Pengeran ndang-ndang nuntun Yesus nang ara-ara amba. 13 Suwene petang puluh (40) dina Yesus ana ning kana, ya sak'wene iku bolak-balik diguda Iblis. Ning kana Yesus manggon ning antarane kewan-kewan alas terus pepirang malaekat pada teka ngladeni Yesus.
Yesus nyeritak'en Kabar Apik ning daerah Galilea
14 Sak'marine Yohanes dilebok'en bui, Yesus budal nang daerah Galilea, terus ning kana nyeritak'en Kabar Apik teka Pengeran. 15 Yesus guneman, “Wayahe wis jangkep, Kerajaane Pengeran wis parek. Tobata ambek percaya'a nang Kabar Apik.”
Yesus milih murid-muride sing kawitan
16 Pas Yesus mlaku ning pinggire Ranu Galilea, Yesus ndeleng ana nelayan loro sing nyemplungen jaring kanggo nggolek iwak. Wong loro iku Simon karo dulure sing jenenge Andreas. 17 Terus Yesus guneman, “Ayo melua Reang. Sira bakal Tak dadek'en tukang golek wong cekne melu Reang.” 18 Wong loro iku memara ninggalen jaringe terus melu Yesus.
19 Yesus nerusen mlakune, terus orak kosi adoh ndeleng nelayan loro maneh sing gek dandani jaringe, yaiku Yakobus karo dulure sing jenenge Yohanes. Wong loro iku anak-anak'e Pak Sebedeus 20 Yesus memara nyeluk wong loro iku. Sidane wong loro pada ninggalen bapakne mbarek koli-koline ning prau iku, terus melu Yesus.
Yesus ning balai agamane kota Kapernaum
21 Terus Yesus ambek muride budal nang kota Kapernaum. Maringono pas dina Sabat, Yesus mlebu nang balai agamane wong Ibrani terus mulang ning kono. 22 Wong-wong pada gawok nang wulangane Yesus, merga wulangane iku ana kuwasane, orak memper ahli-ahli agama Ibrani. 23 Ning njero balai agama iku, ana wong sing klebon roh jahat terus memelung banter, 24 “He Yesus teka Nasaret! Paran urusane Sira karo kene? Apa Sira teka kate musnahen kene? Reang weruh sapa Sira. Sira iku utusan sing suci teka Pengeran.”
25 Tapikne Yesus nyenggrang, “Menenga! Metu'a teka wong iki!” 26 Sidane Roh jahat mbanting wong iku ambek memelung banter terus metu teka wong iku.
27 Wong-wong ning kono pada gawok, terus pada takon siji nang sijine, “Paran iki kok bisa ngono ye? Iki pancen wulangan anyar sing ana kuwasane. Roh-roh jahat pada manut nang kongkonane.” 28 Cerita iku nyebar nang endi-endi, sampek nang sak'kabehe daerah Galilea.
Yesus marasen wong akeh
29 Sak'marine ninggalen balai agama iku, Yesus ambek murid-muride mlebu nang umahe Simon karo Andreas. Yakobus karo Yohanes ya melu pisan. 30 Maratuane Simon sing wedok nggreges nemen mangkane turu nggletak ning peturon. Pas iku ana sing nggenehi weruh nang Yesus. 31 Sidane Yesus nekani maratuane Simon iku, terus nyekel tangane, ya direwangi cekne bisa ngadek. Sekala iku uga memara nggregese wong iku ilang. Wong wedok iku tangi terus ngladeni kabeh wong ning kono.
32 Pas kawit peteng, sak'marine sengenge wis orak katok maneh, kabeh wong sing lara mbarek sing klebon roh jahat pada digawa nang Yesus. 33 Sak'kabehe warga kota iku pada nglumpuk ning ngarepe lawang umah iku. 34 Teruse Yesus marasen akeh wong sing lara macem-macem, ya nundung akeh roh jahat. Yesus ngongkon roh-roh jahat iku cekne orak guneman, merga roh-roh iku weruh sapa sak'benere Yesus iku.
Yesus mulang ning kota-kota liyane
35 Sisuk'e, pas sengenge gek durung cukul, Yesus tangi terus budal nang enggon sing sepi nang njabane kota kanggo ndedunga. 36 Maringono Simon ambek kanca-kancane pada nggolek'i Yesus. 37 Pas nemok'en Yesus, wong-wong iku guneman, “Kabeh wong pada nggolek'i Rika!”
38 Tapikne Yesus njawab, “Ayo pada budal nang kota-kota liyane sekitare kene. Reang ya kate mulang ning kono, merga iku tujuane Reang mrene.” 39 Merga iku Yesus budal nang sak'kabehe enggon ning daerah Galilea. Ning kana Yesus mulang ning balai-balai agama ambek nundung roh-roh jahat.
Yesus marasen wong sing lara kusta
40 Terus ana wong lara kusta sing teka nang Yesus. Wong iku sujud ambek njaluk tulung, “Nek'e Rika gelem, Rika mesti bisa marasen reang.”
41 Yesus mesak'en temenan nang wong iku. Teruse Yesus njuluren tangane nyandak wong iku ambek guneman, “Reang gelem. Warasa sira!” 42 Memara larane wong iku ilang terus dadi waras.
43 Sekala iku uga Yesus ngongkon wong iku budal mbarek dipenggak, 44 “Sira ajo nyeritak'en kedadean iki nang sapa wae. Tapikne dudohna awak'e sira nang pengarepe sembahyang. Terus genehana korban kewan nang Pengeran kanggo warase sira persis sing wis dikongkonen Nabi Musa biyen. Nek ngono, kabeh wong bakale weruh nek sira wis waras temenan.”
45 Tapikne wong iku budal terus molai nyeritak'en kabeh iku nang endi-endi. Sidane Yesus orak bisa ngetok temenan pas mlebu nang saben kota. Yesus malah manggon ning njabane kota, ning enggon sing sepi. Masia ngono, wong teka sak'kabehe enggon pada marani Yesus.