Ananias ambek Safira mati merga nggorohi Pengeran
5
Ana wong lanang sing jenenge Pak Ananias. Ananias iku duwe bojo sing jenenge Safira. Na, wong loro iku ya melu ngedol gagane dewe. 2 Tapi separoh asile disingeten kanggo butuhe dewe. Terus mek separoh asile sing digawa nang utusan-utusane Yesus.3 Mangkane Petrus guneman, “Ananias! Ngapa kok sira ngejaren Iblis nguwasani atine sira? Sira wis nggorohi Rohe Pengeran merga nyingeten separoh asile dodol gaga. 4 Sak'durunge didol, gaga iku duwek'e sira dewe. Sak'marine didol, asile ya duwek'e sira dewe sing bisa digawe kanggo butuhe sira. Dadi ngapa sira gawe rencana elek iki ning atine sira sampek nggorohi kene? Sira orak mek nggorohi menungsa, tapi sira wis nggorohi Pengeran pisan.”
5 Sak'marine ngrungok'en gunemane Petrus, Ananias langsung rubuh terus mati. Kabeh wong sing ngrungok'en kedadean iku dadi wedi temenan. 6 Maringono ana lare-lare enom sing ngafani mayite Ananias terus digawa metu cekne dikubur.
7 Kira-kira telung jam marine, bojone Ananias, yaiku Safira, teka terus mlebu tapi gek durung weruh paran sing wis kedadean. 8 Terus Petrus takon, “Safira! Bener tah, iki pancen kabeh asile dodol gagane sira?”
Safira nyauri, “Ya bener sak'mono.”
9 Petrus guneman maneh, “Ngapa sira ambek bojone sira wis pada sepakat nggorohi Rohe Gusti Pengeran? Delengen! Wong-wong sing entas ngubur bojone sira gek ngadek ning lawang. Wong-wong iku ya bakale nggotong mayite sira pisan.”
10 Sekala iku Safira rubuh ning ngarepe Petrus terus mati. Pas mlebu, lare-lare enom iku ndeleng nek Safira pancen wis mati. Maringono mayite Safira digotong metu terus dikubur ning pinggire bojone. 11 Mangkane sak'kabehe umate Yesus karo wong sing ngrungok'en kedadean iku dadi wedi temenan.
Utusan-utusane Yesus nglakoni akeh mujijat
12 Dina temekane dina, utusan-utusane Yesus nglakoni akeh tetenger karo mujijat ning ngarepe wong akeh. Terus kabeh wong sing percaya nang Yesus biasane nglumpuk dadi siji ning Umahe Pengeran, ning bagean sing diarani latare Raja Salomo. 13 Wong-wong sing percaya nang Yesus iku diajeni karo wong akeh, tapi nanak wong liyane sing wani nglumpuk bebarengan. 14 Terus tambah suwe tambah akeh wong lanang karo wong wedok sing percaya nang Gusti Yesus. 15 Malah-malah wong-wong sing lara digawa nang pinggire dalan terus digletak'en ning lincak karo klasa. Nek ngono wong-wong iku arep-arep paling orak kenek bayangane Petrus, terus dadi waras. 16 Ana pisan grombolane wong teka daerah-daerah parek'e kota Yerusalem sing marek nang kono. Wong-wong iku nggawa kancane sing lara ambek sing klebon roh jahat. Terus kabeh sing lara iku diwarasen.
Utusan-utusane Yesus disiksa nang pemimpin-pemimpine wong Ibrani
17 Maringono si pengarepe sembahyang agung karo kabeh rewange, yaiku golongane wong Saduki, dadi iri temenan. 18 Mangkane utusan-utusane Yesus dicekel terus dilebok'en bui kota. 19 Tapi bengine ana malaekate Gusti Pengeran sing mbukak lawang-lawange bui, terus nuntun utusan-utusane Yesus nang njaba ambek guneman, 20 “Budala nang latare Umahe Pengeran terus sampekna nang wong akeh njare carane bisa oleh urip sing anyar.”
21 Utusan-utusan iku pada manut nang gunemane malaekat iku. Pas gek isuk-isuk jabut, pada budal nang latare Umahe Pengeran. Ning kono mulang wuruk'ane Yesus nang wong akeh.
Pas iku pengarepe sembahyang agung karo re-rewange nglumpuk'en anggotane Mahkamah Agama, yaiku kabeh pemimpine wong Ibrani, kanggo nganak'en sidang. Sak'marine nglumpuk, ana wong sing dikongkon njupuk utusan-utusane Yesus teka bui cekne digawa nang sidang. 22 Tapi pas teka ning bui, pada orak nemok'en utusan-utusane Yesus. Terus pada mbalik nang pemimpin-pemimpine 23 ngene, “Reang ambek kanca-kanca wis ndeleng lawang-lawange bui digembok rapet terus prajurit-prajurit ya gek pada njaga ning lawang-lawange bui iku. Tapi pas lawange dibukak, nanak sesijia wong ning njerone bui.”
24 Ngrungok'en iku, pemimpine prajurit sing njaga Umahe Pengeran karo ketua-ketuane pengarepe sembahyang pada bingung temenan terus pada takon siji nang sijine, “Paran sing wis kedadean?”
25 Maringono ana salah sijine wong sing teka terus ngabari, “Delengen! Wong-wong sing wis sira lebok'en bui iku sak'iki gek mulang wong akeh ning Umahe Pengeran.”
26 Mangkane pemimpine prajurit sing jaga Umahe Pengeran karo anak buahe budal terus nyekel utusan-utusan iku. Tapi prajurit-prajurit iku orak nggawe cara sing kasar merga wedi diantem watu nang wong akeh.
27 Maringono utusan-utusan iku digawa nang ngarepe Mahkamah Agama terus ditakoni nang pengarepe sembahyang agung 28 ngene, “Mahkamah iki wis menggak sira kabeh cekne orak mulang soal wong iku. Njare sira iki? Sak'kabehe wong ning kota Yerusalem wis krungu wulangane sira. Apa maneh sira mulang nek reang karo pemimpin-pemimpin liyane sing kudu nanggung patine Wong iku.”
29 Tapi Petrus karo utusan-utusan liyane pada njawab ngene, “Kene kudu luwih manut nang Pengeran ketimbang manut nang menungsa. 30 Rika kabeh sing mateni Yesus ning kayu salib. Tapi Pengeran sing disembah mbah buyute kene wis nguripen Yesus teka patine. 31 Yesus iku wis diduwuren nang enggon sing diajeni, yaiku ning sisih tengene Pengeran. Yesus iku didadek'en Pemimpin ya dadi Sang Penyelamet. Kabeh iku dilakoni cekne wong Ibrani bisa tobat, terus dusa-dusane disepura. 32 Kene ambek Rohe Pengeran wis dadi saksi nek kabeh iku pancen bener. Rohe Pengeran iku digewehen nang sapa wae sing manut nang aturane Pengeran.”
33 Ngrungok'en iku, pemimpin-pemimpine wong Ibrani dadi mangkel temenan terus kepingin mateni utusan-utusane Yesus. 34 Tapi, ning antarane anggota-anggota Mahkamah Agama, ana wong teka golongane Farisi sing jenenge Pak Gamaliel. Gamaliel iku guru agama sing diajeni nang wong akeh. Gamaliel ngadek ambek ngongkon cekne utusan-utusane Yesus digawa metu diluk. 35 Sak'wise iku, guneman nang anggota sidang iku ngene, “He, pemimpin-pemimpine wong Ibrani! Pikir-pikiren dikek paran sing kate sira lakoni nang wong-wong iku. 36 Pepirang taun biyen ya ana wong sing brontak nang penjajah Roma jenenge Pak Teudas. Wong iku dadi kesuhur sampek kurang luwih ana petang atus (400) wong sing melu. Apa maneh Teudas nganggep awak'e dewe pemimpin sing paling hebat. Tapi wong iku dipateni penjajah Roma. Maringono wong sing melu dadi semburat terus dimusnahen. 37 Sak'wise iku, pas cacah jiwa, ya ana wong sing jenenge Pak Yudas teka daerah Galilea. Wong iki ngejak wong akeh cekne mbrontak nang penjajah Roma. Tapi ahire ya dipateni terus wong-wong sing melu dadi semburat pisan. 38 Na, nek masalah iki, nurut reang wong-wong iki kudu diculen wae. Apik'e dijaren merga nek sing dilakoni iku asale teka menungsa ya mestine bakal musnah entah Teudas karo Yudas biyen. 39 Tapi nek sing dilakoni iku asale teka Pengeran, sira orak kira bisa nglawan wong-wong iku. Apa maneh bisa dadi sira wis nglawan nang Pengeran dewe.”
40 Na, wong-wong sing ana ning kono pada setuju nang gunemane Pak Gamaliel. Terus utusan-utusane Yesus dikongkon mlebu. Mari mlebu, langsung diambleki gawe pecut. Terus diancem cekne orak mulang nang sapa wae nganggo jenenge Yesus. Sak'wise iku diculen.
41 Maringono utusan-utusan iku ninggalen enggon sidang ambek ati sing bungah temenan merga wis dianggep pantes dilarani kanggo jenenge Yesus. 42 Saben dinane utusan-utusan mau pada nerusen mulang ning Umahe Pengeran karo ning umah-umahe wong. Terus orak leren nyampek'en Kabar Apik nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran.