Laire Yesus
2
Sak'wise Yohanes lair, Raja Agustus, yaiku Raja Gede Kerajaan Roma, nganak'en cacah jiwa kanggo kabeh bangsa sing dijajah Kerajaan Roma.a 2 Iku cacah jiwa sing kawitan pas Kirenius dadi gubernur ning propinsi Siria. 3 Merga iku, kabeh wong sing dijajah Roma kudu mbalik nang kota asale dewe-dewe cekne dicatet jiwane.
4-5 Pas iku Maria wis pacangan karo wong sing jenenge Yusuf. Yusuf karo Maria manggon ning desa Nasaret, ning daerah Galilea. Merga Yusuf gek anak putune Raja Daud biyen, Yusuf kudu nyateten jiwane ning kotane Daud, yaiku Betlehem ning daerah Yudea. Masia Maria gek mbobot, lelorone budal mrana wae, sing kurang luwih limang dina mlakune. 6 Sak'wise ana ning kota Betlehem, teka wayahe kanggo Maria babaran. 7 Maringono Maria nglairen jabang bayi lanang sing mbarep. Merga kabeh umah wis dibek'i wong sing pada teka kanggo cacah jiwa, Maria karo Yusuf nginep ning gedokan. Dadi, bayi iku dibedong, terus diturok'en ning palungan.
Tukang angon domba nginceng bayine Maria
8 Bengi iku, ning pinggire kota Betlehem, ana wong-wong sing angon domba. Biasane, wong-wong mau medok ning enggon iku. 9 Pas iku, mara-mara ana malaekate Gusti Pengeran ngadek ning ngarepe wong-wong iku. Terus sorote Gusti Pengeran nyorot sampek pada wedi. 10 Maringono malaekat iku guneman, “Ajo wedi, merga reang iki ngandani nang sira Kabar Apik sing mbungahen kabeh wong ning ndunya. 11 Dina iki ning kotane Raja Daud Sang Penyelamet wis lair kanggo sira kabeh. Wong iku diarani Gusti, yaiku Raja Pilihane Pengeran.b 12 La iki tengere cekne weruh nek kabeh iki bener: Sira bakale nemok'en lare bayi sing dibedong, terus diturok'en ning palungan.”
13 Mara-mara malaekat iku dibarengi akeh malaekat liyane sing orak bisa keitung akehe. Terus kabeh malaekat iku pada muji Pengeran ngene:
14 “Ning swarga sing paling duwur Pengeran dipuji,
Ning ndunya menungsa sing nyenengen atine Pengeran digenehi ayem tentrem.”
15 Maringono, malaekat-malaekat iku budal balik nang swarga. Terus wong sing angon domba iku pada guneman, “Ayo budal nang Betlehem, ndeleng bayi sing diceritak'en Gusti Pengeran iku mau.” 16 Maringono wong-wong iku kebatan nemoni bayi iku. Yusuf karo Maria ana ning gedokan, terus bayi iku diturok'en ning palungan. 17 Pas ndeleng bayi iku, tukang angon domba iku nyeritak'en paran sing wis disampek'en malaekat soal bayi iku. 18 Kabeh wong pada gawok ngrungok'en ceritane tukang angon domba iku. 19 Merga saking senenge ngrungok'en ceritane mau, Maria orak leren-leren mikiren kabeh iku. 20 Maringono wong sing angon domba iku pada mbalik ambek muji Pengeran merga paran sing disampek'en malaekat iku mau bener-bener kedadean.
Yesus disunat
21 Sita umure wolung dina, bayi iku disunat, terus dijenengi Yesus. Jeneng iku persis karo sing dikongkonen malaekat sak'durunge Maria mbobot.
Yesus digawa nang Umahe Pengeran
22-24 Petang puluh (40) dina sak'marine Yesus lair, Maria karo Yusuf budal nang Umahe Pengeran. Nurut Hukume Nabi Musa,c nek ana wong wedok sing mari babaran, awak'e kudu disucek'en. Nurut aturane Gusti Pengeran, wong iku kudu ngorbanen manuk perkutut loro utawa piyek loro.
Pas iku, Yesus dijak pisan nang Umahe Pengeran, kate dipasrahen nang Gusti Pengeran, nurut Kitab Sucine wong Ibrani. Kitab Suci iku unine ngene:
“Saben lare lanang sing mbarep dadi duwek'e Pengeran.” (Keluaran 13:2; 12)
25 Na, ning kota Yerusalem, ana wong Ibrani sing jenenge Simeon. Simeon iku wong sing bener karo manut nang Pengeran. Simeon ngenteni Pengeran nyelameten wong Ibrani. Uripe Simeon dituntun Rohe Pengeran. 26 Rohe Pengeran iku wis ngandani Simeon nek awak'e orak bakale mati sak'durunge ketemu Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran.
27 La, Rohe Pengeran nuntun Simeon nang Umahe Pengeran. Pas iku Maria karo Yusuf wis nggawa bayine nang Umahe Pengeran, kanggo dipasrahen nang Pengeran nurut aturane agama Ibrani. 28 Simeon terus ngemban bayi iku karo muji Pengeran ngene,
29 “Duh Pengeran, abdine Rika iki nedanerima! Reang wis ayem tentrem karo lega nerima kapan wae reang mati,
merga janjine Rika wis kelakon pada karo sing Rika gunemen.
30 Sak'iki reang wis ndeleng dewe slamet sing teka Rika,
31 yaiku Sang Penyelamet sing wis Rika cawisen ning ngarepe kabeh bangsa.
32 Sang Penyelamet iku memper padang sing ndudohen dalane Pengeran nang bangsa-bangsa liya.
Bangsa Ibrani bakale kesuwur merga tekane Sang Penyelamet iku.”
33 Yusuf ambek Maria gawok nang gunemane Simeon ngenek'i Yesus iku. 34-35 Maringono Simeon ndedunga kepe Pengeran mberkahi Yusuf karo Maria. Simeon guneman nang makne lare iku ngene, “Maria, Lare iki wis ditentok'en kanggo ngukum ambek nyelameten akeh wong Ibrani. Lare iki bakal mbukak rahasia elek ning atine wong. Mangkane lare iku bakale ditolak wong akeh. Terus, Maria, atine sira bakale lara kaya disuduk lading.”
36 Ning kono ana pisan nabi wedok Ibrani sing wis tuwek, jenenge Hana. Wong iku anak'e Pak Fenuel sing anak putune Pak Asyer. Sak'marine umah-umah pitung taun, bojone Hana mati, terus dadi randa. 37 Sak'iki umure wis wolung puluh papat (84) taun. Hana iku wong sing mantep sembahyange, terus orak tau ninggalen Umahe Pengeran. Awan bengi gawene mek ndedunga karo pasa ning kono. 38 Sak'wise Simeon guneman, Hana teka. Terus Hana nedanerima nang Pengeran. Maringono Hana nyeritak'en anane Yesus, nang wong akeh sing ngenteni bangsa Ibrani duwe kerajaan maneh, cekne diselameten teka kuwasane bangsa liya.
39 Sak'wise marek'en kewajibane nurut hukume Gusti Pengeran, Yusuf ngejak anak-bojone moleh nang desa Nasaret, ning daerah Galilea. 40 Suwene-suwe lare iku tambah gede tambah kuwat. Terus maneh digenehi akeh pengerten karo welase Pengeran.
Yesus nggawok'i ahli-ahli agama Ibrani ning Umahe Pengeran
41 Saben taun pas Riaya Paskah,d wong tuwek'e Yesus budal nang kota Yerusalem. 42 Ning salah sijine dina, pas umure rolas taun, Yesus dijak wong tuwek'e ngrayak'en Paskah ning Yerusalem kaya biasae. 43 Sak'marine riaya iku, wong tuwek'e moleh, tapikne Yesus gek ning Yerusalem. Pas iku, wong tuwek'e orak weruh nek Yesus orak melu moleh. 44 Wong tuwek'e mikir nek Yesus wis budal bareng wong-wong sing moleh nang desa Nasaret. Na, mlakune Yerusalem nang Nasaret iku suwene limang dina. Sak'wise mlaku suwene sedina, wong tuwek'e nggolek'i Yesus ning antarane dulur-dulure karo kanca-kancane sing mlaku nang Nasaret pisan. 45 Merga orak nemok'en Yesus, wong tuwek'e mbalik maneh nang Yerusalem ambek nggolek'i Yesus. 46 Sak'wise telung dina nggolek'i, wong tuwek'e nemok'en Yesus ning latare Umahe Pengeran. Pas iku Yesus gek lungguh ambek ngrungok'en karo takon nang ahli-ahli agama Ibrani.e 47 Kabeh wong pada gawok merga Yesus ngerti nang Kitab Suci, apa maneh jawabane kabeh tepak temenan. 48 Wong tuwek'e melu gawok pisan ndeleng Yesus. Terus makne guneman nang Yesus, “Le, ngapa Sira kok orak melu moleh? Makne karo bapakne Sira iki kuwatir sampek telung dina nggolek'i sira.”
49 Yesus njawab, “Rika orak usah kuwatir nang Reang. Rika lak wis weruh nek Reang kudu ana ning Umahe Bapakne Reang dewe.” 50 Tapi wong tuwek'e orak ngerti paran tegese gunemane Yesus iku mau. 51 Marine iku Yesus karo wong tuwek'e mbalik moleh nang Nasaret. Yesus iku lare sing manut nang wong tuwek'e. Terus Maria orak leren mikiren kabeh kedadean ngenek'i Yesus ning njero atine.
52 Suwene-suwe Yesus dadi tambah gede karo oleh pengerten. Apa maneh Yesus tambah nyenengen Pengeran karo menungsa.